Cithakan:Infobox ningrat

Dipanegara (Mustahar; Antawirya; 11 November 1785 – 8 January 1855),[1] utawa Diponegoro, kuwe salah sewijine pangeran Jawa sing nentang penjajah Landa kolonial. Dheweke nduwe peran penting banget nang Perang Jawa (1825–1830). Taun 1830, Landa mbuwang dheweke maring Makassar.


Cilikane sunting

Dipanegara lair tanggal 11 November 1785 nang Yogyakarta, putra mbarepe Sultan Hamengkubuwono III ratune Yogyakarta. Pas Sultan seda taun 1814, Dipanegara ora gelem diwehi tahta merga biyunge mukur garwa ampeyan, njur diganti karo sedulure sing didukung Landa yakuwe Hamengkubuwono IV. Banjuran dheweke lewih milih manggon nang Tegalrejo nang nggone ninine buyut sing dadi prameswarine Hamengkubuwono I tinimbang nang njero kraton.

Cikal bakal perlawanane labuh katon pas Hamengkubuwono IV seda, padahal putrane, Hamengkubuwono V tembe umur 3 taun, dadi urung teyeng munggah tahta, mulane banjur kudu ana waline. Lha waline kudune Dipanegara, tapi nyatane malah ditangani Patih Danureja brayan karo Residen Landa.

Perjuangane sunting

Dipanegara labuh angkat senjata nglawan Landa pas Landa masangi pathok nang lemah nggone keluargane nang Tegalrejo. Seliyane kuwe Landa ya ora ngregani adat nang dhaerah kono, karo mbarang netepna pajeg sing banget marakna abot uripe rakyat. Dipanegara disenengi maring rakyat merga wani nglawan Landa. Lha merga diwehi saran sekang Pangeran Mangkubumi, yakuwe like, dheweke metu sekang Tegalrejo, njur gawe markas nang Guwa Selarong. Pas kuwe, Dipanegara ngomong maring rakyate, dene perang kuwe klebu Perang Sabil nglawan penjajah kafir. Pengaruhe perang krasa ngasi tekan Pacitan karo Kedu. Banjur Kyai Maja, sewijine ulama sekang Surakarta/Solo melu nggabung karo Dipanegara. Landa nganggo pirang-pirang rekadaya nggo nyekel Dipanegara, termasuk nawakna imbalan 50.000 gulden nggo sapa bae sing teyeng nyekel Dipanegara, ngasi akhire bisa kecekel taun 1830.

Kalahe sunting

Taun 1830, laskare Dipanegara mulai kalah perang, mulane banjur gelem dijek rembugan. Dipanegara ngidham-idhamna Jawa sekabehane dadi sawijine negara merdeka, lha dheweke sing bakal dadi Khalif-e. Banjur Landa ajek rembugan damai, e lha ka malah jebule Dipanegara dicekel njur dipenjara pas tanggal 28 Maret. Akhire Dipanegara dibuwang maring Makassar trus seda nang kana.

Warisane sunting

Dipanegara diangkat dadi Pahlawan Nasional Indonesia. Trus Dhaerah Militer Jawa Tengah karo Yogyakarta diarani Kodam IV/Diponegoro

Wacan sunting

Wacan tambahan sunting

  • Carey, P.B.R. Babad Dipanagara : an account of the outbreak of the Java War (1825-30) : the Surakarta court version of the Babad Dipanagara Kuala Lumpur: Dicithak nggo the Council of the M.B.R.A.S. maring Art Printing Works, 1981. Monograph (Royal Asiatic Society of Great Britain and Ireland. Malaysian Branch); no.9.
  • Sagimun M. D. Pangeran Dipanegara : pahlawan nasional Jakarta: Proyek Biografi Pahlawan Nasional, Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, 1976. (Basa Indonesia)
  • Yamin, M. Sedjarah peperangan Dipanegara : pahlawan kemerdekaan Indonesia Jakarta : Pembangunan, 1950. (Basa Indonesia)

Pranala njaba sunting

1. https://web.archive.org/web/20091101175455/http://encarta.msn.com/encyclopedia_761584175/Diponegoro.html
2. https://web.archive.org/web/20100218133652/http://iclweb01.fsw.leidenuniv.nl/walhain/eindexamen/Level_4/cse/Indonesie/schoolboeken/Diponegoro/diponego.htm#oorzaken

3. https://web.archive.org/web/20190124001412/http://www.raden-saleh.org/ Situse Yayasan Pangeran Raden Saleh. Tiliki kaca "Capture of Prince Diponegoro" Cithakan:Portal

Cithakan:Persondata