Kerajaan Galuh Purba

Prakata sunting

Kerajaan Galuh Purba dibangun pendatang-pendatang sekang Kutai, Kalimantan. Pendatang-pendatang kiye urung nganut agama Hindu, dadi wong-wong sedurunge jaman Kerajaan Kutai Mertadipura dibangun, dadi sedurung ana dinasti Kudungga.

Miturut catetan Van der Meulen (1988): (Indonesia di Ambang Sejarah - Kanisius), pendatang-pendatang kuwe pindah ming tanah Jawa adoh sedurung abad 3 Masehi. Pendatang-pendatang kiye mendarat nang sekitar pantai Cirebon. Pendatang-pendatang kiye terus mlebu nang pedalaman, sebagian menetap nang sekitar Gunung Ciremai, sebagian maning melebu terus ming arah kidul ngantek tekan ming sekitar Gunung Slamet lan lembah Kali Serayu.

Sing netep nang sekitar gunung Ciremai mengkone mbangun peradaban Sunda, sementara sing nang sekitar Gunung Slamet mbangun Kerajaan Galuh Purba. Miturut laporan sing ditulis Tim Peneliti Sejarah Galuh (1972), Kerajaan Galuh Purba kiye dibangun Ratu Galuh. Kemungkinan jeneng Kerajaane ialah Kerajaan Galuh Sindula (ana juga naskah sing njenengi Kerajaan Bojong Galuh), ibukotane nang Medang Gili (tahun 78 Masehi?). Angka 78 M kuwe jane mandan diragukan sebab sekitar taun semono Huruf Sanskerta tembe molai melebu nang Nusantara lan urung dikenal luas.

Antara abad I nganti abad VI, Kerajaan Galuh Purba kiye berkembang terus ning mandan langka catetan sejaraeh. Sing jelas antara abad I nganti abad VI kuwe akeh jeneng Kerajaan sing nganggo jeneng Galuh antarane: (seliyane Galuh Sindula utawa Bojong Galuh) ialah:

  • Kerajaan Galuh Rahyang sing lokasine nang Brebes, ibukotane nang Medang Pangramesan
  • Kerajaan Galuh Kalangon lokasine nang Roban, ibukotane nang Medang Pangramesan
  • Kerajaan Galuh Lalean lokasine nang Cilacap, ibukotane nang Medang Kamulan
  • Kerajaan Galuh Tanduran lokasine nang Pananjung, ibukotane nang Bagolo
  • Kerajaan Galuh Kumara lokasine nang Tegal, ibukotane nang Medangkamulyan
  • Kerajaan Galuh Pataka lokasine nang Nanggalacah, ibukotane nang Pataka
  • Kerajaan Galuh Nagara Tengah lokasine nang Cineam,ibukotane nang Bojonglopang
  • Kerajaan Galuh Imbanagara lokasine nang Barunay (Pabuaran), ibukotane nang Imbanagara
  • Kerajaan Galuh Kalingga lokasine nang Bojong, ibukotane nang Karangkamulyan

Status kerajaan-kerajaan Galuh nang duwur kuwe esih urung jelas, apa kelanjutan Kerajaan Galuh Purba utawa mung pecahane ning kemungkinan sing bener ialah: sebagai bagian Kerajaan Galuh Purba (Kerajaan bawahan) utawa setingkat Kadipaten.

Seliyane Kerajaan Galuh sing pindah kuwe, sing juga berkembang lan ana catetan sejaraeh ialah Kerajaan Galuh Kalingga. Malah miturut Babad Pustaka Rajya-Rajya i Bhumi Nusantara (tulisan Pangeran Wangsakerta sekang Cirebon), dong abad VII - VIII ada 3 wangsa sing berkembang ialah: Wangsa Kalingga, Wangsa Sanjaya lan Wangsa Sailendra), catatan kiye cocog karo sing ditulis Fruin-Mees : Geschiedenis van Java, 1919, halaman 16-20). Brarti Kerajaan Galuh Kalingga sing sedurunge sebagai Kerajaan bawahan Galuh Purba mengkone dadi Kerajaan sing berkembang bar misahna dhewek dadi Kerajaan Kalingga.

Bar pusat pemerentahan Kerajaan Galuh Purba dipindah, pengaruh Kerajaan kiye nang wilayah wetan makin mudhun lan diganti karo Kerajaan Kalingga sing pamore terus berkembang. Sementara kuwe nang wilayah kulon, Kerajaan Tarumanegara (kelanjutan Kerajaan Salaknegara) molai tumbuh malah akhire mengko Kerajaan Galuh sing pindah kuwe dadi Kerajaan bawahane Tarumanegara. Antara taun 395 nganti 434 M (pemerentahan Purnawarman), kerajaan Tarumanegara mbawaih 48 kerajaan-kerajaan bawahan. Kerajaan bawahan sing paling wetan ialah sing pusate nang wilayah Purbalingga siki, kiye kemungkinan ialah Kerajaan Galuh Purba. Sebagian kerajaan-kerajaan bawahan kuwe wis ana sedurung kerajaan Tarumanegara dibangun dadi wis ana sedurung taun 358 M, contone ialah Kerajaan Salaknegara.

Dong Tarumanegara diperentah Raja Candrawarman (515-535 M), akeh penguasa-penguasa Kerajaan-Kerajaan bawahan sing olih kekuasaane maning sebagai hadiah kesetiaan, kiye termasuk juga Kerajaan Galuh Purba, ning urung jelas hadiah tahta Kerajaan Galuh Purba kiye diwehna maring sapa, sing pasti dudu maring Wretikandayun (nang Babad Sunda, Wretikandayun disebut sebagai pendiri Kerajaan Galuh, jane sing bener ialah Wretikandayun kuwe Raja Galuh sing misahna dhewek sekang Kerajaan Tarumanegara dong Tarumanegara diperentah Prabu Tarusbawa). Dadi jelas nek Wretikandayun dudu Raja Galuh sing pertama, sebab ana catetan sing nyebut nek Kerajaan Galuh molai dibangun taun 516 M, sementara Wretikandayun molai dadi Raja taun 612 M, pusat pemerentahane ialah nang Banjar Pataruman. Angger bener Kerajaan Galuh dibangun taun 516 M brarti kiye cocog banget karo kebijakan Raja Candrawarman (515-535 M) sing mbalekaken kekuasaan penguasa-penguasa Kerajaan bawahan, mung baen jane jenenge dudu dibangun ning dibalekaken.

Sing dadi pitakonan juga, kepriwe hubungan Kerajaan Galuh sing dibangun taun 516 M kuwe karo Kerajaan Kendan?, sebab Wretikandayun kiya ialah keturunan Raja-Raja Kerajaan Kendan. Ana pirang kemungkinan antarane, Wretikandayun olih hak tahta Kerajaan Galuh liwat Rajaputra Suraliman (mbah kakunge Wretikandayun) sing menjabat sebagai Panglima Perang Tarumanegara, utawa bisa juga liwat perkawinan antar kerabat keraton sing wis umum kedaden, dadi dheweke nguasai Galuh sekaligus ngewarisi Kendan, bar kuwe Wretikandayun nggawe ibukota anyar nang daerah Kawali.

Jeneng Kerajaan anyar Wretikandayun kuwe juga dudu Kendan sebab kemungkinane ialah kanggo ngormati (alesan politis). Tahta Kerajaan Kendan tuli wis pasti diwarisi dheweke, dadi ora dienggo jenenge juga ora papa. Tambahan maning Wretikandayun kiye mandan beda dibanding leluhure sing lewih ngutamaken ajaran agama (Hindu) termasuk dong ngelola Kerajaan. Manikmaya (pendiri Kerajaan Kendan) kuwe Resiguru juga Sang Kandiawan ramane Wretikandayun kuwe Resiguru sekaligus Pujangga, sementara Wretikandayun kiye lewih ngutamaken kekuasaan (politik)...

Wilyah Kekuasaan sunting

Kerajaan Galuh Purba kiye duwe wilayah kekuasaan sing lumayan luas, mulai sekang Indramayu, Cirebon, Brebes, Tegal, Pemalang, Bumiayu, Banyumas, Cilacap, Purbalingga, Banjarnegara, Kebumen malah ana sing nyebut tekan Kedu, Kulonprogo karo Purwodadi mbarang.

Siki akeh jeneng-jeneng enggon nang kana sing nganggo jeneng Galuh, antarane Rajagaluh (Cirebon), Galuh (Purbalingga), Galuh Timur (Bumiayu), Sirah Galuh (Cilacap), Begaluh (Leksono), Samigaluh (Purworejo, Kedu), Segaluh (Purwodadi). Miturut sejarawan W.J Van der Meulen diduga keras nek kabeh enggon-enggon kuwe gemiyen ialah wilayah sing dikuasai Kerajaan Galuh Purba.

Dadi Kerajaan Galuh Kawali sunting

Miturut catetan nang Prasasti Bogor, Kerajaan Galuh Kawali pancen pindahan sekang sekitar Gunung Slamet, pusat Kerajaan wangsa Galuh (Purba) kiye dipindah sekang wilayah Banyumas ming sekitar wilayah Garut - Kawali merga mulai kalah pamor karo leluhur wangsa Sailendra sing wis molai tumbuh.

Pusat Kerajaan Galuh Purba kiye pindah ming Garut - Kawali sekitar abad V akhir utawa VI awal, terus sekitar abad XIII pusat kerajaane pindah maning lan dadi Kerajaan Pajajaran. Catetan pindah ping pindo kiye ana catetane nang Prasasti Bogor.



mBalik ming: