Jeruk kuwe tetanduran perdu tropis lan subtropis sing ngasilna woh sing jenengé padha.[1] Woh jeruk iku bunder.[1] Kulité ana sing ijo, ana sing kuning. Rasané ana sing kecut, ana sing legi.[1] Jeruk kuwe kalebu pala gumantung, yakuwe wit-witan sing gumandhul nang dhuwur wit.[1]

?Jeruk
Kembang jeruk lan jeruk ning wit
Kembang jeruk lan jeruk ning wit
Klasifikasi ilmiah
Kerajaan: Plantae
Divisi: Magnoliophyta
Kelas: Magnoliopsida
Upakelas: Rosidae
Ordo: Sapindales
Famili: Rutaceae
Genus: Citrus
Spesies: C. sinensis
Jeneng binomial
Citrus sinensis
(L.) Osbeck


Jeruk

Jenisé sunting

Jeruk keprok sunting

Jeruk keprok bisa dadi tonik kanggo jantung.[1] Jeruk keprok nduwe senyawa sing teyeng ngurangi tumpukan lemak sing teyeng maraih serangan jantung.[1]Jeruk keprok bisa dadi ombénan sing seger banget.[1] Jeruk keprok bisa digawé jus lan wedang jeruk. Ora mung seger, ningen jeruk keprok uga bisa kanggo ncegah serangan jantung sing mbebayani.[1]

Salah sijiking penelitian sing jenenge Daily Mail njléntréhaké yen woh jeruk keprok utawa Citrus reticulata uga bisa ncegah penyakit liyané, kayata diabétes, stroke lan kanggo penderita obésitas jeruk keprok uga bisa nglunturaké lemak.[1] Jeruk keprok ngandhut nobiletin, yaiku pigmén utawa zat warna sing ditemokaké nang kulit jeruk keprok.[1] Jeruk kiye uga nduweni tangeritin, yaiku senyawa antikanker.[1]Tangeritin kalebu senyawa methoxyflavone sing nduwé poténsi agén antikanker.[1] Peneliti sekang University of Western Ontario, Kanada, njléntréhaké yèn tikus sing diwénéhi nobiletin bisa njaga awaké sekang obesitas.[1] Panalitén Dr Huff's nemokaké flavonoid, naringenin, nang jeruk bali sing uga bisa ncegah obesitas lan sindrom metabolik.[1] Ananging flavonoid jeruk keprok luwih akeh tikimbang sing ana nang jeruk bali.[1]

Jeruk Keprok utawa Citrus Nobilis Lour urip nang dhaérah tropis lan subtropis.[2] Jeruk kiye populer nang masyarakat.[2] Yen wis mateng rasane legi, saliyane enak dipangan, kulit jeruk keprok uga bisa ncegah kanker.[2]

Zat Kimia sing ana nang jeruk keprok:[2] - alkoida (godhong lan kulit buah)[2] - polifenol (odhong lan kulit buah)[2] - flavonoida (oyot)[2] - minyak atsiri (godhong lan woh)[2] - saponin (akar)[2]

Gizi:[2] - vitamin c [2] - mineral zat besi[2] - kalsium[2] - gula[2] - asam setrat[2]

Khasiat: Kanggo njaga daya tahan awak, ncegah kanker, obat infeksi firal, obat kolésterol lan hiperténsi, nguatke lan bisa kanggo gizi paru-paru, njaga limfa, tamba watuk lan ngetokaké riak.[2]

Jeruk purut sunting

Jeruk Purut nduwéni jeneng latin Citrus hystrix D.C. utawa C. paeda Miq.[3] Jeruk purut kalebu familia rutaceae.[3] Jeruk purut akeh urip nang pekarangan omah utawa nang kebon.[3] Godhongé kalebu godhong majemuk sing nyirip lan nduwéni anakan godhong siji.[3]

Bentuk godhongé bulat telur nganti lonjong, pangka godhongé bunder utawa tumpul, pucuk godhongé lincip lan beringgit, dawané 8-15 cm, ambane 2-6 cm, godhonge lunyu lan ana bintil-bintil cilik sing wernane bening.[3] Godhong bagian ndhuwur wernane ijo tua rada keling-keling, dene godhong bagian ngisor wernane ijo nom utawa ijo rada kuning, burem. Yèn diremes godhongé ambuné wangi.[3]

Kembangé nduwéni bentuk kaya bintang, wernané putih rada abang utawa putih rada kuning.[3] Jeruk purut bentuké bulat telur, kulité ijo ana kerut-kerutane, lan mrenthel-mrenthel.[3] Jeruk purut rasané kecut rada pait, biyasane kanggo masak, nggawé jajanan utawa manisan.[3] Cangkok lan wiji dadi cara paling apik kanggo nengkaraké jeruk purut.[3]

Dasanama sunting

Sumatera: unte mukur, u. pangir (Batak), lemau purut, l. sarakan Lampung), lemao puruik (Minangkabau), dema kafalo (Nias).[3] Jawa: limau purut, jeruk wangi, jeruk purut (Sunda, Jawa).[3] Bali: jeruk linglang, jeruk purut.[3]Flores: mude matang busur, mude nelu. Sulawesi: ahusi lepea (Seram), lemo puru (Bragi.s).[3] Maluku: Munte kereng (Alf'uru), usi ela (Amhoh), lemo jobatai, wama faleela (Halmahera).[3] NAMA ASING Kaffir lime leaf and zest (I), bai magrut (T), Kabuyao, percupin orange, citron combara.[3] NAMA SIMPLISIA Citri hystricis Folium (daun jeruk purut), Citri hystricis Pericaipium (kulit buah jeruk purut).[3]

Jeruk bali sunting

Jeruk bali akeh manfaate tumprap kasehatan.[4] Jeruk bali ngandhut pektin luwih akeh tikimbang jeruk liyane.[4]Pektin kiye bisa ngurangi kolésterol lan uga bisa ngurangi risiko penyakit jantung.[4] Rasane kecut legi lan bentuke bunder, ukurané luwih gedhé tikimbang jeruk liyane.[4] Kulit jeruk bali biyasané kanggo nggawé dolanan mobil-mobilan.[4] Ananging dolanan kiye biyasane mung kanggo bocah sing urip nang desa.[4] Daging jeruk bali ambune seger lan ngandhut akeh banyu. Jeruk kiye bisa dipangan langsung sawise dionceki utawa kanggo campuran salad lan rujak.[4]

Daging putih sing ana nang antarané kulit njaba lan woh sing ana banyuné, bisa digawé manisan.[4] Daging putih kiye nduweni kelenjar minyak.[4] nang Vietnam kembang jeruk bali sing wangi dienggo nggawe farfum.[4] Kayu jeruk bali uga kanggo nggawe alat dapur.[4]

Antibaktéri sunting

Para panaliti sekang Universitas Jagiellonian Polandia njléntréhaké yen jeruk bali ngandhut antibaktéri lan antioksidan sing bisa nenangna sistem getah weteng.[4] Dr Thomas Brzozowski ketuwa panaliti nyaranaké supaya wong sing nandang penyakit tukak lambung mangan jeruk bali sajroné diet.[4]

Jeruk bali uga bisa kanggo kaséhatan jantung lan lambung.[4] Jeruk bali nduwéni kadar vitamin C sing akéh saéngga apik kanggo kaséhatan gusi.[4] Para panaliti nang Universitas Friedrich Schiller, Jerman nduwéni panemu yen ana korélasi antarané kaséhatan gusi karo mangan jeruk bali.[4]

Obat diabétés sunting

Jeruk bali bisa ngobati diabétés. Naringenin, antioksidan sing dadi sumber rasa pait nang jeruk bali bisa dadi obat kanggo ngobati diabetes tipe 2.[5] Penyakit diabetes disebabna amarga awak ora teyeng nggawé hormon insulin sing cukup kanggo ngatur gula darah.[5] Naringenin mbiyantu ningkataké produksi insulin nang awak.[5] Saliyane iku, naringenin uga mbiyantu ncegah penyakit obésitas.[5]

Hasil olahan jeruk sunting

Jeruk bisa diolah dadi sirup jeruk, sari buah sing bentuké serbuk, kanggo nggawé sambel kayata jeruk limau (Citrus amblycarpa)kang akeh dibudidayakake nang daerah Majalengka, Jawa Barat.[6] Jeruk uga bisa digawé puding jeruk, jus jeruk, lan kulit jeruk bali bisa digawé manisan sing legi rasané.[6]

Galeri sunting

Cathetan suku sunting

  1. 1,00 1,01 1,02 1,03 1,04 1,05 1,06 1,07 1,08 1,09 1,10 1,11 1,12 1,13 1,14 (Indonesia)vivanews.com(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  2. 2,00 2,01 2,02 2,03 2,04 2,05 2,06 2,07 2,08 2,09 2,10 2,11 2,12 2,13 2,14 2,15 (Indonesia)agromaret.com(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  3. 3,00 3,01 3,02 3,03 3,04 3,05 3,06 3,07 3,08 3,09 3,10 3,11 3,12 3,13 3,14 3,15 3,16 (Indonesia)iptek.net.id(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  4. 4,00 4,01 4,02 4,03 4,04 4,05 4,06 4,07 4,08 4,09 4,10 4,11 4,12 4,13 4,14 4,15 (Indonesia)health.kompas.com(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  5. 5,0 5,1 5,2 5,3 (Indonesia)antaranews.com(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  6. 6,0 6,1 (Indonesia)sinartani.com(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
Delengen Uga Who-wohan