Kembang Wijayakusuma: Béda antarané révisi

Konten dihapus Konten ditambahkan
Tanpa ringkesan besutan
Tanpa ringkesan besutan
Baris 16:
 
== Mitos ==
Kembang wijayakusuma uga ana [[mitos]] utawa [[takhayul]]e, konon "sapa baen sing bisa ndeleng pas kembang kiye mekar, rejekine bakal lancar", mulane mageh padha njajal. Kembang Wijayakusuma ana pewayangan jawa dadi pusaka duwene Prabu Bathara Kresna ratu negara Dwarawati lan narendra tedaking wisnu lan dewi pretiwi. Ing pewayangan gagrak Banyumas kembang WijayaKusuma asring kasebut "Cangkok WijayaMulya". Dene pigunane kembang iki bisa kanggo nguripake manungsa sing mati sadurunge tiba wancine. Mula nganti saiki kanggone masyarakat kang tesih ngandel, kembang wijayakusuma asring kagunakake kanggo tamba. Carita dumadine kembang wijayakusuma sing ana Nusakambangan kaya ngene : "Dhek mbiyen Prabu Ajipamasa narendra Mamenang Kediri sing sakti kalokengrat tinantangan yuda dening Ki Beghawan Kano. Nalikane campuhing ngayuda tanding tiyasa adu atosing balung kandeling kulit, beghawan Kano kaseser yudane nganti keplayu tumeka gisiking samudra Hindhi. Ing kana ditututi dening prabu Ajipamasa. Sang resi ora gelem kapikut, mula ambyur aneng samudra. Kaelokaning jagat dumadakan ana Nuswa ingkang kambang-kambang ing banyune segara. Rejaning jaman, Pulau(Jw;Nuswa) sinebut Nuswa Kambangan Utawa NusaKambangan. Eloking kahanan, dumadakan ana ula Naga Gedhi bakal mangsa Prabu Ajipamasa. Dilepasi panah sanalika badhar wujuding ula dadi wanita ayu ngawe-awe sang Prabu saka Nuswa mau. Sang prabu nuli nyedhaki nganggo gethek. Ing kana sang dewi matur menawa dheweke sejatine ula mau. Sang dewi matur panuwun marang sang prabu awit wis ngluwari bebendune jawata kang sinandhang sang dewi. Sang dewi paring sekar ingkang aran sekar Wijayakusuma marang sang prabu. Sang dewi matur manawa sarining kembang mau didahar dening sang prabu, bisa mahanani langgeng anggone dadi ratu. Nuli sang dewi musna ilang. Ing kana sang prabu banjur bali menyang dharatan. Ing satengahing samudra, dumadakan ana alun gedhe gawe gomplanging gethek. Kembang wijayakusuma tiba ing samudra. Sang prabu banget judheg ing panggalih. Eloking kahanan, ing nuswa kambangan dumadakan ana kembang thukul. Kembang mau saemper kaya kembang wijayakusuma. Papan thukuling kembang mau inganaran Majethi. Ing kana sang prabu dhawuh manawa tedhak turune bisa langgeng anggone dadi Ratu, yen bisa Ngasta kembang mau. Mula nganti saiki yen ana jumenengan ratu ing Sala apa Jogja mesthi nganggo kembang mau minangka dadi genepkem\