Tanduran sing ana kembange utawa Anthophyta ("tanduran kembang") utawa Magnoliophyta ("tanduran sekerabat karo magnolia") iku kelompok gede tanduran sing urip nang daratan. Jenenge dijiot sekang cirine sing paling khas, yaiku ngasilna organ reproduksi nang bentuk kembang. Kembang sebenare iku modifikasi godhong lan batang nggo ndukung sistem pembuahan ketutup. Sistem pembuahan ketutup iki uga dadi ciri khase sing lia, lan kelompok iki dikenal kanggo Angiospermae ("wiji terbungkus/ketutup"). Ciri sing terakhir iki mbedakna sekang kelompok tanduran berbiji (Spermatophyta) sing lia: tanduran wiji kebukak (Gymnospermae).

?Tanduran sing ana kembange (Magnoliophyta)
Rentang fosil: Cithakan:Fossil range
kembang Magnolia virginiana
Klasifikasi ilmiah
Kerajaan: Plantae
Upakerajaan: Embryophyta
Superdivisi: Spermatophyta
Grup

Berdasar APG III (2009):[1]


Kelompok tradisional:

Sinonim

Jeneng Angiospermae dijot sekang penggabungan dua tembung bahasa Yunani Kuno: αγγειον (aggeion, "pensingga" utawa "pelindung") lan σπερμα (sperma, bentuk jamak nggo "biji") sing dikenalna nang Paul Hermann taun 1690. Nang sistem taksonomi modern, kelompok iki siki nempati takson kanggo divisio. Namung, Sistem klasifikasi APG II lan lanjutane, Sistem klasifikasi APG III, sing berdasar pengelompokan filogeni versi APG, tanduran sing ana kembange ditempatna nang klad sing ora nempati takson lan dijenengi Angiospermae.

Evolusine sunting

Montsechia vidalii, tanduran banyu sing ditemukna nang Spanyol, wis diidentifikasi kanggo tanduran sing ana kembange paling tua, sing urip nganti 130 juta taun, karo fosil sekang zaman Cretaceous. Nang pemeriksaan ulang lewih sekang 1.000 fosil, para ilmuwan nyimpulna tanduran iki wis teyeng nghasilna wueh sederhana, suatu sifat dasar sing mendefinisina angiosperma, lan kemungkinan nghasilna kembang jantan lan betina nang tanduran terpisah. Penemuan iki nunjukna bahwa penyerbukan nang banyu lewih penting nang evolusi kembang lan sing pernah diperkirakna sedurunge.[2]

Ciri-cirine sunting

Tanduran sing ana kembange dibedana sekang kelompok lia berdasar apomorfi (ciri-ciri sing diwarisi) sing khas dikembangna nang kelompok iki. Akehe ciri-ciri iki nang bagian reproduktif. Iki ciri-cirine:

  • Kembang

Kembang dadi ciri sing paling nyata lan mbedakna sekang kelompok tanduran wiji sing liane. Kembang mbantu kelompok tanduran iki nggo kemampuan evolusi lan lungkang (ruang prasyarat hidup utawa niche) ekologise lan dadi nggo urip nang daratan.

  • Benang sari

Stamen utawa benang sari lewih enteng sekang organ karo fungsi serupa nang tanduran wiji kebukak (yaiku strobilus). Benang sari wis berevolusi nggo bisa beradaptasi karo penyerbuk lan nggo ncegah pembuahan dewek. Adaptasi meng arah iki uga mperluas jangkauan ruang uripe.

  • Ukuran gametofit jantan tereduksi

Gametofit jantan sing tereduksi (ana nang serbuk sari lan kur sekang telu sel) mbantu ngurangi wektu penyerbukan, nang saat serbuk sari gutul organ betina, lan pembuahan. Selang wektu normal antara keloro tahap iku biasane 12-24 jam. Nang Gymnospermae wektu sing diperlukna nggo hal iku bisa gutul setaun.

  • Karpela nutupi bakal wiji

Karpela utawa godong wueh rapat mbungkus bakal wiji utawa ovulum, lan ncegah pembuahan sing ora diingina. Sel sperma dikontrol nang putik nggo mbuahi sel endog (ovum). Bare pembuahan, karpela lan beberapa jaringan nang sekitare uga berkembang dadi wueh. Wueh fungsine adaptif karo ngelindungi wiji sekang perkecambahan sing ora diingina lan mbantu proses penyebaran meng wilayah sing lewih amba.

  • Ukuran gametofit betina tereduksi

Sebagaimana nang gametofit jantan, ukuran gametofit betina uga berkurang dadi kur pitu sel lan terlindung nang bakal wiji. Ukuran sing cilik iki mbantu nggelisna perkembangan urip tanduran. Kur kelompok Angiospermae sing duwe perilaku semusim nang proses uripe. Perilaku iki nggawe kepenak njelajah lungkang sing adoh lan amba.

  • Endosperma

Penggawean endosperma nang wiji iku ciri khas Angiospermae sing nggo adaptasi sebab nglengkapi embrio utawa kecambah karo serep panganane nang perkembangane. Endosperma fisiologis uga mperkuat daya serap wiji akan hara sing dibutuhna tanduran enom nang perkembangane.

Sumber sunting