Mitos Pendakian Gunung Slamet

Mitos pendakian Gunung Slamet menurut ceritane wong tua, pancen mandan Gunung Slamet sejen/beda karo gunung-gunung liyane nang tlatah Jawa. Gunung Slamet pancen dudu gunung sing biasa didaki mung

kanggo tujuan wisata/rekreasi, hobi utawa mung sekedar pengin 

naklukaken. Pendakian neng puncak Gunung Slamet biasane kanggo tujuan-tujuan khusus umpamane merga ana alesan spiritual, mulane pendaki-pendaki kudu nglengkapi syarat-syarate ndisit.

== Syarat karo Pantangan == Pendaki kudu nggawa kembang, Kemenyan, karo kudu ana Juru Kunci sing njujugna. Sok-sokan pancen ana pendaki sing ora nggawa syarat-syarat kuwe ningen asal tingkaeh ora kebangeten, dheweke bisa slamet paling-paling pendaki kuwe ngalami utawa ndeleng kedaden-kedaden sing mandan aneh, ning ora mbahayani jiwane.

kesaksian nyata sunting

Aku andre wong margadana mbiyen ora tahu manjat gunung eh gon manjat gunung slamet gara2 ngomong enak adem ayem ning punyak yah ning kene terus tah ora pa2 eh malah balike di sasar_na kuntilanak sunk,.. tapi aku baca alfateha terus lah ka weruhe anjog dewek ati2 ngucap ning gunung slamet

Pantangan sing paling penting tur kudu dieling-eling jan aja nganti dilanggar kuwe cawaran utawi aja nylemong sekarepe dewekra jare mah kyak

Juru Kunci sunting

Ana papat wong sing dipercaya ning sekitar kawasan lereng gunung Slamet.

sing pertama Warsito sekang desa Sirameng sing ngewarisi sekang 

buyute: Nini Manten Sarak, juru kunci wadon ning jaman Belanda. Nini Manten Sarak mau keturunan pertama juru kunci sekang desa Siremeng.

Juru kunci keloro Sumedi, keturunan Mbah Naprawi, juru kunci sekang Bambangan.

Ketelu, Warjono, sekang Jurangmangu, Kecamatan Pulosari, Kabupaten Pemalang.

Terakhir jenenge Karsad sekang Dukuh Liwung, Guci, Tegal.

Para pendaki sing lewat salah siji sekang patang juru kunci mau bisa dipastikna bakal aman. Soale munggah Gunung Slamet beda karo munggah gunung-gunung liyane. Aturanne para pendaki kudu diterna neng juru kunci. Mergane juru kunci mau wong-wong sing terpilih lan mereka kudu nglengkapi syarat sing ora bisa dibantah, yakuwe kudu wong sing nduweni garis keturunan dina kelairan Setu Wage.

Pantangan Liyane sunting

Saliyane ora olih sembarang ngucap, pantangan liyan sing kudu dipatuhi kuwe pendaki ore olih mesum karo ora olih nyekel dengkul. Pantangan kaping loro bisa dianggepe wajar sebabe ora mung nang Gunung Slamet, nang ngendi bae ding dianggep keramat, wong sing teka ora olih mesum. Tapine pantangan sing terakhir kiye mandan ora mlebu nang akal. Tapi ya kaya kuwe pantangane, pendaki sing nyekeli dengkul pas manjat dianggepe wong-wong ora bakalan tekan puncak.

Dina Pantangan sunting

kejaba kuwe,ana dina-dina tertentu sing ora olih dinggo ndaki. maksude, nang dina-dina kuwe pendaki ora olih babar blas munggah gunung Slamet. aja maning pendaki, juru kunci bae ora wani munggah nang dina-dina larangan. Dina-dinane yakuwe: Minggu Legi, Slasa Legi, Setu Paing, Minggu Paing. Kejaba dina kuwe, juru kunci pasti seneng banget nganter pendaki.

Sing ndadekna beda Gunung Slamet kuwe bahwa pendaki sebenere kudu ngagawa kembang lan kemenyan. Maksude kanggo sesajen marang sing mbaureksa gunung Slamet. Sebenere Gunung Slamet dudu kanggo refresing atawa nyalurna hobby tok. Nanging luwih saka kuwe gunung Slamet sebenare

kaya panggonan sing kanggo wong memohon supaya kekarepane dikabulna. 

Hal kuwe dibuktekna anane syukuran warga masyarakat sekitar saben tanggal siji sura(1 Muharam). Syukuran kuwe awujud tumpeng kendit, diarani ngono soale tumpeng kuwe digawe saka beras abang sing tujukna kanggo para leluhur nang Gunung Slamet.