Kerajaan Galuh Kawali utawa Kerajaan Galuh ialah kelanjutan sekang Kerajaan Galuh Purba (Galuh Sindula) utawa salah siji Kerajaan bawahane sing pindah ming daerah Garut - Kawali. Bar pamor kekuasaan Kerajaan Galuh Purba molai mudhun, wilayah-wilayaeh utawa Kerajaan-Kerajaan bawahane tunduk karo Kerajaan Tarumanegara, termasuk juga Kerajaan Galuh kuwe dadi Kerajaan bawahan Tarumanegara.

Dong Kerajaan Tarumanegara molai lemah (kuwe masa pemerentahan Prabu Tarusbawa, 669 M), Kerajaan Galuh sebagai Kerajaan bawahane kemungkinan malah molai kuat, tambahan maning ana aliansi perkawinan karo kerabat Keraton Kerajaan Kalingga, mulane Raja Galuh Wretikandayun wani nuntut kekuasaan. Dheweke dadi Raja Galuh (merdeka) dong Prabu Tarusbawa ngewarisi tahta Tarumanegara liwat Putri Manasih, bojone (putri pertama Prabu Linggawarman). Tarumanegara wektu kuwe wis hilang banget pamore, apamaning Prabu Tarusbawa ngganti jeneng Kerajaan Tarumanegara dadi Kerajaan Sunda sekaligus mindahna pusat pemerentahan ming Sundapura (maksud Tarusbawa ben pamor Tarumanegara kuat maning kaya dong Pemerentahan Purnawarman), ningen kiye dadi alesan Wretikandayun kanggo misahna Kerajaan Galuh, dheweke njaluk dukungan Kerajaan Kalingga (Kerajaan Besane).

Kanggo ngindari perang saudara, Prabu Tarusbawa manut maring tuntutan Wretikandayun.

Wilayah Kekuasaan sunting

Wilayah kekuasaan Kerajaan Galuh molai kali Citarum, terus ming arah wetan ngantek kali Cipamali Brebes.

Raja-Raja sunting

  • Wretikandayun, taun 612 - 702 M (taun 670 M pisah sekang Tarumanegara)
  • Rahyang Mandiminyak, takp;spsp[gj;un 702 - 709 M
  • Raja Bratasena/Sanna, taun 709 - 716 M
  • Rahyang Purbasora, taun 716 - 723 M
  • Sanjaya, taun 723 - 732 M (Sanjaya ngrebuafhtit tahta sekang Rahyang Purbasora, kakang ipare).
  • Surotama/Manarah/Ciung Wanara/Jaka Susuruh (Putra pasangan Premana lan urjitiulkll]], talodpun 732 - 739 M(ibune sekang Kerajaan Sunda)