Pambuka sunting

Babad Tegal juga ora bisa dipisah karo sejarah kerajaan-kerajaan jaman mbiyen sing dibangun neng tlatah Sundha karo tlatah Jawa misale kerajaan Galuh Kawali sing wilayah kekuasaane ngeliputi lewih separo wilayah Jawa Tengah siki, dadi uga klebu wilayah Tegal karo Banyumasan umume.
Babad Tegal juga ora bisa dipisah karo babad kerajaan-kerajaan utama nang tlatah Jawa utamane neng Jawa Tengah antarane kerajaan Kalingga, kerajaan Mataram, kasultanan Demak, kasultanan Pajang lan liya-liyane merga wilayah Tegal umume dadi bagian kakuasaan kerajaan-kerajaan kuwe.

Babad Tegal juga ora bisa dipisah karo sosok Ki Gede Sebayu sing akeh kaitane karo pembentukan Kadipaten Tegal.

Catetan Sejarah sunting

Sekitar abad X, Tome Pieres tau mampir nang Tegal. Tom Pieres kuwe penjelajah sekaligus saudagar asal Portugis, dheweke dagang kasil-kasil pertanian juga gula nang pelabuhan Tegal. Miturut catetan Tom Pieres, jaman kuwe perdagangan nang Tegal esih didominasi wong-wong India karo Tionghoa.

Antara abad X ngantek abad XVI kemungkinan nang wilayah Tegal ana sistem pemerentahan utawa dikuasai kerajaan cilik sebab miturut catetan Rijklof Van Goens karo data nang buku W. Fruin Mees, disebut nek sekitar taun 1575 daerah kuwe termasuk daerah merdeka sing dipimpin Raja cilik utawa Pangeran, kiye juga didukung data nang buku The History of Java (Raffles) nek ana kerajaan cilik sing jenenge kerajaan Mandaraka (ana juga sing nyebut kerajaan Salya) nang sekitar wilayah Tegal, ning catetan kiye mandan meragukan.

Kerajaan Mataram molai nguasai wilayah Tegal bubar penyerangan pasukan Mataram sing dipimpin Panembahan Sedo Krapyak. Sebagai bagian kerajaan Mataram, wilayah Tegal olih status kadipaten tanggal 18 Mei taun 1601, Ki Gede Sebayu diangkat dadi penguasa, jabatane yakuwe Juru Demang (sederajad karo Tumenggung).

Jaman perang Diponegoro (1825 – 1830), miturut catetan P.J.F. Louw nang bukune De Java Oorlog Uan, wilayah Tegal dipimpin Residen Uan Den Poet.


mBalik ming: Kabupaten Tegal

waghu