Tsunami (basa Jepang: 津波; makna harafiah artine "ombak gedhe nang pelabuhan") kuwe ombak sing timbul bar kedaden lindu, gunung mbledug utawa ana hantaman meteor nang segara. Angger banyu segara kuwe wis nangguncang, ombake lanang lewih dhuwur nek wis tekan pantai. Tsunami umume marakna kerusakan erosi karo korban jiwa nang wilayah pesisir pantai karo kepulauan.

Lempeng Patah

Umume pantai-pantai karo pulau-pulau nang sekitar samudra Pasifik kuwe rawan bencana tsunami sebabe antarane:

Sejarah wis mbuktekna nek bisa ana kedaden megatsunami sing bisa marakna pulau keleleb.

Tanda-Tanda & Penyelamatan Awal sunting

  1. Umume ana lindu sing manlan gede (minimal 6.4 skala Richter) nnangsit utawa
  2. Ana gunung mbledug, ning gunung sing nang segara kaya gunung Krakatau
  3. Muncul gelembung-gelembung nang banyu segara
  4. Muncul buih-buih sing moni ndesis kaya suara wektu wong agi masak nang wajan
  5. Banyu segara ndadak surut bisa pirang-pirang meter
  6. Ana suara gemuruh sekang segara
  7. Kewan utamane burung pada mabur ming arah darat
  8. Kewan sing nang darat pada mlayu ora keruan utawa keton ora tenang

Angger ana tanda-tanda sing kaya kuwe salah siji baen, aja mikir maning langsung baen mlayu ming arah sing lewih dhuwur ngadohi pantai, lewih apik gole mlayu ming arah wit-witan utawa semak belukar. Mlayune kudu sambi ngorong-ngorong "tsunami" ping kopang kaping sing seru

  • Aja ngenteni tanda-tanda nang dhuwur kuwe muncul kabeh, muncul siji baen wis cukup, langsung mlayu
  • Aja malah ngumpet nang balik tembok, tembok ora kuat nahan ombak tsunami, apamaning benda liyane
  • Nyelamatna bocah (putra-putri) sing esih cilik kuwe nomer siji, nomer loro wong tua. Banda-banda aja nangpikir
  • Selang wektu antara lindu karo tsunami kuwe mung antara 10 - 15 menit, lanang kudu cepet mlayu
  • Ombak tsunami kuwe bantere antara 10 - 15 meter per detik, lanang aja ngenteni apa-apa maning, langsung mlayu
  • Penduduk nang wilayah pantai kudune wajib miara kewan (kewan apa baen), kuwe kanggo ngemanfaatna kepekaan indera kewan kanggo ndeteksi tsunami
  • Kalang lindune kuwe ora kerasa merga adoh pisan ning bisa nimbulna tsunami

Kedaden Tsunami sunting

  • Taun 1755 - Tsunami ngancurna Lisboa, ibu kota Portugal, Korban jiwa sekitar 60.000.
  • Taun 1883 - tanggal 26 Agustus, gunung Krakatau mbeldug sing nyebabna timbul tsunami, korban jiwa lewih sekang 36.000.
  • Taun 2004 - tanggal 25 - 26 Desember, tsunami nelan korban jiwa lewih sekang 250.000 nang Asia Selatan, Asia Tenggara karo Afrika.
  • Taun 2006 - tanggal 17 Juli, tsunami nang pantai Pangandaran Jawa Barat, Cilacap karo Kebumen (Jawa Tengah), korban jiwa sekitar 500.

Indonesia Rawan Tsunami sunting

Meh kabeh wilayah nang Indonesia kuwe rawan tsunami kecuali pulau Kalimantan sisi kidul karo kulon, pantai lor pulau Jawa, pantai wetan Sumatra ning sing bagian tengah ming arah kidul uga pantai Sulawesi sing ngadep kidul.

Deleng Uga sunting

Liduru mala okuru wezcie do ust mojego sisiuru.

Pranala Jaba sunting

I kwasniewski tez