Kebudayaan Jawa kuwi kebudayaan sing dianut masyarakat Jawa, sing ngutamakna keseimbangan, keselarasan, lan keserasian, dadi kabeh unsur (urip karo mati, alam karo makhluk urip) kudu salaras, padha akur, intine kabeh kudu cocog.

Bupati Purwokerto, karo garwa lan abdine (potret lawas jaman Landa).

Kasalarasan sunting

Apa-apa sing marake ora cocog kudu diadohi, angger ana sing bisa ngganggu keseimbangan kuwi kudu cepet digenahna ben kabeh bali salras meneh, bali cocog meneh.

Umume sing kadhang agawe bubrah kasalarasan yaiku polahe menungsa, mbuh polah menungsa karo menungsa utawa menungsa karo alam. Angger polah menungsa karo alam, sing umume tanggungjawab pimpinan masyarakat.

Sing angel neng kebudayan Jawa yaiku angger kasalarasan iku diganggu polah menungsa karo menungsa sing umum marakake konflik (crahe kasalaran). Sing jenenge ora cocog utawa ora seneng tuli umum ning merga arep ngindari konflik, umume rasa ora cocog kuwe dipendem.

Klas Sosial sunting

Nang masyarakat Jawa umume ana golongan-golongan sosial, misal: golongan Priyayi karo rakyat biasa. Ana meneh golongan Santri karo golongan Abangan. Kuwi uga keton seka basa. Nang basa Jawa ana kelas utawa tingkatan-tingkatan sing bisa nggambarake status sosial penuture.

Tingkatan Sosial Basa Jawa sunting

  1. Ngoko
  2. Ngoko andhap
  3. Madhya
  4. Madhyantara
  5. Kromo
  6. Kromo Inggil
  7. Bagongan
  8. Kedhaton

Loro sing terakhir mung dituturake ana ing lingkungan keluarga Kraton.

Kejawen sunting

Kejawen yaiku kepercayaan sing urip nang suku Jawa. Kejawen kuwi dasare saka kepercayaan Animisme sing kena ajaran Hindu karo Budha. Mulane suku Jawa umume dianggep suku sing duwe aji nglakoni sinkretisme kapercayan, kabeh budaya liya diserap lan ditafsirake miturut nilai-nilai Jawa.