Monumen Nasional utawi kang diringkes Monas utawi Tugu Monas yaiku monumen pengelingan kang duwure 132 meter (433 sikil) sing ana persis nang tengah Lapangan Medan Merdeka, Jakarta Pusat. Monas digawe nggo ngeling-ngeling perlawanan lan perjuangan rakyat Indonesia nggo ngrebut kemerdekaan sekang pemerintahan kolonial Kerajaan Belanda. Pembangunan dimulai nang tanggal 17 Agustus 1961 di ngisore perentah Presiden Soekarno lan diresmikan nganti dibukak nggo umum pas 12 Juli 1975 nang Presiden Soeharto. Tugu iki nduweni mahkota lidah api sing dilapisi karo lembaran emas sing nglambangaken perjuangan sing murub-murub sekang rakyat Indonesia.

Sejarah

sunting

Ide pertama nggawe Monumen iki yaiku sekang warga negara RI biasa, wong swasta, wong kota sederhana sekang Jakarta arane Sarwoko Martokoesoemo,” jere Sudiro. Sakwise pusat pemerentahan Negara Kesatuan Republik Indonesia mbalik nang Jakarta sing sakdurunge manggon nang Yogyakarta pas tahun 1950, nyusul pengakunan kedaulatan Negara Kesatuan Republik Indonesia sekang pemerentahan kolonial Kekaisaran Belanda pas tahun 1949, rencana mbangun Monumen Nasional sing setara karo Menara Eiffel nang lapangan ngarep Istana Merdeka. Pembangunan Tugu Monas tujuane nggo ngenang lan nglestarikna perjuangan bangsa Indonesia pas masa revolusi kemerdekaan 1945, nggo terus mbangkitna inspirasi lan semangat patriotisme generasi penerus bangsa.

Pas tanggal 17 Agustus 1954, sewiji komite nasional digawe lan sayembara perancangan Monumen Nasional digelar nang tahun 1955. Ana 51 karya sing mlebu, tapi mung ana siji karya sing digawe karo Friedrich Silaban sing nyukupi kriteria sing ditentukna komite, antarane nggambaraken karakter bangsa Indonesia lan bisa awet nganti berabad-abad. Sayembara keloro digelar nang tahun 1960 tetapi sepisan maning ora ana siji pun peserta sekang 136 peserta sing bisa nyukupi kriteria. Ketua juri banjur njaluk Silaban nggo nunjukna rancangane meng Presiden Soekarno. Tapi Soekarno kurang seneng karo rancangane lan awak deweke pengin monumen kuwe bentuke lingga lan yoni. Silaban banjur njaluk ngrancang monumen karo tema kaya kuwe, tapi rancangan sing diajukan Silaban luar biasa banget nganti biayane gede banget lan ora mampu ditanggung nang anggaran negara, luwih-luwih kondisi ekonomi pas kuwe lumayan elek. Silaban emoh nggo ngranang bangunan sing luwih cilik lan nyaranaken pembangunan ditunda nganti ekonomi Indonesia apik maning. Soekarno banjur njaluk arsitek Soedarsono nggo nglanjutna rancangan kuwe. Soedarsono nglebokna angka 17, 8 dan 45 sing nglambangna 17 Agustus 1945 ngawiti Proklamasi Kemerdekaan Indonesia nang njero rancangan monumen kuwe.[1][2][3] Tugu Peringatan Nasional iki banjur dibangun nang area seamba 80 hektare. Tugu iki diarsiteki oleh Friedrich Silaban lan Soedarsono mulai dibangun 17 Agustus 1961.

Pembangunan

sunting
 
Soekarno menginspeksi pembangunan Monas

Pembangunan terbagi telu tahap. Tahap pertama, wektu 1961/1962–1964/1965 pembangunan dimulai nganti pas tanggal 17 Agustus 1961 karo Soekarno nganti seremonial nancepaken pasak beton pertama. Total ana 284 pasak beton digawe nggo fondasi bangunan. Seakeh 360 pasak bumi ditandur nggo fondasi museum sejarah nasional. Sekabehane pemancangan fondasi rampung pas wulan Maret 1962. Tembok museum nang dasar bangunan rampung pas wulan Oktober. Pembangunan obelisk banjur dimulai lan akhire rampung nang wulan Agustus 1963. Pembangunan tahap keloro digawe nang wektu 1966 nganti 1968 akibat anane Gerakan 30 September sehingga tahap iki sempet ketunda. Tahap akhir berlangsung nang tahun 1969-1976 karo nambahken diorama nang museum sejarah. Meskipun pembangunane wes rampung, masalah esih bae ana, salah sijine kebocoran banyu sing menggenangi museum. Monumen resmi dibuka nggo umum nang tanggal 12 Juli 1975 karo presiden Soeharto.

 
Presiden Soeharto karo ibu Tien Soeharto ngresmike monas karo nang mburine Gubernur DKI Jakarta Ali Sadikin karo bojone

[4][5] Panggonan pembangunan monumen iki dikenal karo aran Medan Merdeka. Lapangan Monas ngalami ping lima ganti aran yaiku Lapangan Gambir, Lapangan Ikada, Lapangan Merdeka, Lapangan Monas, dan Taman Monas. Nang sekeliling tugu ana taman, loro kolam lan lapangan terbuka nggo olahraga. Nang dina-dina libur Medan Merdeka dikebeki pengunjung sing rekreasi nikmati pemandangan Tugu Monas lan nglakoni berbagai aktivitas dalam taman.

Rancang Bangun Monumen

sunting

Rancang bangun Tugu Monas didasaraken nang konsep pasangan universal sing abadi; lingga lan yoni. Tugu obelisk sing menjulang duwur yaiku lingga sing nlambangna wong lanang, elemen maskulin sing sifate aktif dan positif, serta melambangkan siang hari. Sementara pelataran cawan landasan obelisk adalah Yoni sing nglambangaken wong wadon, elemen feminin sing pasif lan negatif karo nglambangaken wengi.[6] Lingga lan yoni merupakan lambang kesuburan dan kesatuan harmonis sing saling nglengkapi awit masa prasejarah Indonesia. Sakliyane bentuk Tugu Monas sing bisa ditafsirake dadi sepasang "alu" lan "Lesung", alat penumbuk padi sing di olihi nang aben njero rumah tangga petani tradisional Indonesia. mula kaya ngono rancang bangun Monas kebek dimensi khas budaya bangsa Indonesia. Monumen ke isi nganggo 117,7 meter obelisk nang nduwur landasan persegi seduwur 17 meter, pelataran cawan. Monumen iki dilapisi karo marmer Italia.

Kolam nang Taman Medan Merdeka Utara ukurane 25 x 25 meter dirancang nggo dadi bagian sekang sistem pendingin udara sisan nggo ngapiki penampilane Taman Monas. nang cepake ana kolam air pancur lan patung Pangeran Diponegoro sing agi nunggang jarane, digawe sekang perunggu seabot 8 ton. Patung kuwe digawe karo pemahat Italia, Prof. Coberlato [7] nggo sumbangan sekang Konsul Jenderal Kehormatan yaiku Dr. Mario di Indonesia. Lawang mlebu Monas ana nang taman Medan Merdeka Utara cepak patung Pangeran Diponegoro. Lawang mlebune lewat terowongan sing ana 3 m nang ngisor taman lan dalan silang Monas iki, Lawang mlebu pengunjung maring tugu Monas. Loket tiket ana nang ujung terowongan. Pas pengunjung munggah mbalik meng permukaan lemah nang sisi utara Monas, pengunjung bisa nglanjutaken muter-muter ndeleng relief sejarah perjuangan Indonesia; mlebu meng njero museum sejarah nasional lewat nang sudut timur laut, utawi langsung munggah meng tengah maring ruang kemerdekaan utawi lift menuju pelataran puncak monumen.

Relief Sejarah Indonesia

sunting
 
Relief timbul sejarah Indonesia nampilke Gajah Mada karo sejarah Majapahit

Nang saben sudut halaman njaba sing muteri monumen ana relief sing nggambaraken sejarah Indonesia. Relief iki diawali nang sudut timur laut karo ngabadikan kejayaan Nusantara nang jaman gemien; ndelengaken sejarah Singasari lan Majapahit. Relief ikii lanjut secara kronologis searah jarum jam maring sudut tenggara, barat daya, dan barat laut.

Kronologine nggambarna masa penjajahan Belanda, perlawanan rakyat Indonesia lan pahlawan-pahlawan nasional Indonesia, digawene organisasi modern sing merjuangna Indonesia Merdeka paa awal abad ke-20, Sumpah Pemuda, Pendudukan Jepang lan Perang Dunia II, proklamasi kemerdekaan Indonesia disusul revolusi lan perang kemerdekaan Republik Indonesia, gutul masa pembangunan Indonesia modern. Relief lan patung-patung iki digawe sekang semen karo kerangka pipa atau logam, tapi ana juga patung-patung lan arca sing keton ora kerumat lan rusak gara-gara udan karo cuaca tropis.

Museum Sejarah Nasional

sunting

Nang njero dasar monumen nang kedalaman 3 meter nang ngisor permukaan lemah, ana Museum Sejarah Nasional Indonesia. Ruang gede museum sejarah perjuangan nasional nganti ukuran amba 80 x 80 meter, bisa menampung pengunjung kira-kira 500 wong. Nang ruangan amba lapis marmer iki ana 48 diorama Nang papat sisine lan 3 diorama nang tengah, nganti dadi ana total 51 diorama. Diorama iki ndelengaken sejarah Indonesia awit masa pra sejarah nganti masa orde baru. Diorama iki dimula sekang sudut timur laut obah searah jarum jam ngikuti perjalanan sejarah Indonesia; awit mulai masa pra sejarah, masa kemaharajaan kuno kya Sriwijaya lan Majapahit, disusul masa penjajahan bangsa Eropa sing disusul perlawanan pahlawan-pahlawan nasional pra kemerdekaan ngelawan VOC lan pemerintah Hindia Belanda. Diorama berlangsung terus nganti masa pergerakan nasional Indonesia awal abad ke-20, pendudukan Jepang, perang kemerdekaan lan masa revolusi nganti masa Orde Baru pas masa pemerintahan Soeharto.

Ruang Kemerdekaan

sunting
 
Ruang Kemerdekaan

Nang njero cawan monumen ana Ruang Kemerdekaan sing bentuke amphitheater. Ruangan ini bisa dileboni lewat tangga muter sekang pintu sisi utara lan selatan. Ruangan iki nyimpen simbol kenegaraan lan kemerdekaan Republik Indonesia. Nang antarane naskah asli Proklamasi Kemerdekaan Indonesia sing disimpen nang kotak kaca nang njero gerbang berlapis emas, lambang negara Indonesia, peta kepulauan Indonesia berlapis emas lan bendera merah putih lan sing ana tulisane naskah Proklamasi Kemerdekaan Republik Indonesia.[1][8]

Nang njero Ruang Kemerdekaan Monumen Nasional iki digunakaken nggo ruang tenang mengheningkan cipta lan meditasi ngeling hakikat kemerdekaan lan perjuangan bangsa Indonesia. Naskah asli proklamasi kemerdekaan Indonesia disimpen nang njero kotak kaca njero lawang gerbang berlapis emas. Lawang mekanis iki digawe sekang perunggu sing abote 4 ton berlapis emas dihiasi ukiran bunga Wijaya Kusuma sing nglambangaken keabadian, karo bunga Teratai sing nglambangaken kesucian. Lawang iki manggon nang dinding sisi barat pas tengah ruangan lan berlapis marmer ireng. Pintu iki dikenal karo aran Gerbang Kemerdekaan sing mekanismene arep mbuka karo ngrunguaken lagu "Padamu Negeri" banjur dimeluni karo rekaman suara Soekarno tengah macakna naskah proklamasi pas 17 Agustus 1945.

Nang sisi selatan ana patung Garuda Pancasila nggo lambang negara Indonesia digawe sekang perunggu sing abote 3,5 ton lan berlapis emas. Nang sisi timur ana tulisan naskah proklamasi berhuruf perunggu, kudune sisi iki nampilaken bendera sing paling suci lan dimuliaken Sang Saka Merah Putih, sing asline dikibarake nang tanggal 17 Agustus 1945. Tapi sebab kondisine wes tambah tua lan rapuh, bendera suci iki ora dipameraken. Sisi utara tembok marmer ireng ini nampilaken kepulauan Nusantara berlapis emas, nglambangaken lokasi Indonesia.

Pelataran Puncak lan Api Kemerdekaan

sunting
 
Pelataran seduwur 115 meter tempat pengunjung biso menikmati panorama Jakarta kadi nduwur
 
Seorang kakek katon lagi menikmati panorama Jakarta kadi mburi kaca nang Pelataran Puncak lan Api Kemerdekaan Monas, 1993.

Ana lift (elevator) nang lawang sisi selatan arep nggawa pengunjung maring pelataran puncak sing ukurane 11 x 11 meter nang ketinggian 115 meter sekang permukaan lemah. Lift iki kapasitase 11 wong sekali angkut. Pelataran puncak iki bisa nampung sekitar 50 wong, karo ana teropong nggo ndeleng panorama Jakarta lewih cepak.Nang sekeliling awak elevator terdapat ana darurat sing digawe sekang besi. Sekang pelataran puncak tugu Monas, pengunjung bisa nikmati pemandangan kabeh penjuru kota Jakarta. Nek kondisi cuacane terang oara ana kabut, nang arah selatan keton sekang keadohan Gunung Salak nang wilayah kabupaten Bogor, Jawa Barat, arah utara membentang laut lepas karo pulau-pulau cilik.

Nang puncak Monumen Nasional ana cawan sing nopang murup lampu perunggu sing abote nganti 14,5 ton lan dilapisi emas 35 Kilogram. Lidah api utawi obor iki ukurane 14 meter lan diametere 6 meter terdiri sekang 77 bagian sing disatukan. Lidah api iki nggo simbol semangat perjuangan rakyat Indonesia sing ingin ngolihna kemerdekaan. Awalne murup api perunggu iki dilapisi lembaran emas sing abote 35 kilogram,[1] tapi nggo nyambut perayaan setengah abad (50 tahun) kemerdekaan Indonesia nang tahun 1995, lembaran emas iki dilapisi ulang nggutul abote 50 kilogram lembaran emas.[9] Puncak tugu berupa "Api sing ra bakal mati" sing bermakna men Bangsa Indonesia senantiasa nduweni semangat sing murub-murub nggo berjuang lan ora bakal mati sepanjang masa. Pelataran cawan ngaweh pemandangan nggo pengunjung sekang kedueuran 17 meter sekang permukaan lemah. Pelataran cawan bisa diolehna lewat elevator pas mudun sekang pelataran puncak, utawi lewat tangga gutul dasar cawan. Duwur pelataran cawan sekang dasar 17 meter, terusan rentang duwur antara ruang museum sejarah maraing dasar cawan yaiku 8 m (3 meter nang ngisor lemah ditambah 5 meter tangga maring dasar cawan). Amba pelataran sing bentuke bujur sangkar, sing ukurane 45 x 45 meter, kabeh yaiku nggo pelestarian angka keramat Proklamasi Kemerdekaan RI (17-8-1945).

Seakeh 28 kg sekang 38 kg emas nang obor monas kuww yaiku sumbangan sekang Teuku Markam, yaiku pengusaha Aceh sing tau dadi salah siji wong tersugih nang Indonesia.[10]Cithakan:Wide image

Transportasi

sunting

Monumen Nasional bisa ditekani nganggo transportasi umum kaya :


Nang njero kompleks Monumen Nasional ana kereta wisata nggo nggawa pengunjung sekang lawang mlebu monumen. Kereta wisata iki diresmikna nang tanggal 9 Maret 2008 karo Gubernur DKI Jakarta Fauzi Bowo.[11] Kereta iki nggawa penumpang sekang lapangan IRTI (Silang Monas Barat Daya) gutul maring meng cangkem terowongan mlebu area tugu, karo ora mandeg seliane nang tempat mandeg sing wes disediakaken. Kereta iki bisa dinggo sekang jam 06.00 gutul 16.00 saben dinane lan penumpang ora dikon mbayar.

Galeri

sunting

Rujukan

sunting

Catatan sikil

sunting
  1. 1,0 1,1 1,2 Heuken (2008) p25
  2. National monument Office, Jakarta (1996) pp. 3-9
  3. Duwur cawan sekang halaman yaiku 17 meter, amba dasar monumen yaiku 8 meter, karo amba halaman cawan yaiku 45 meter.
  4. National monument Office, Jakarta (1996) pp. 12-23
  5. Jakarta Administration website
  6. Monument Nasional brochure; Dinas Pariwisata dan Kebudayaan Daerah Khusus Ibukota Jakarta, Unit Pengelola Monumen Nasional
  7. National monument Office, Jakarta (1996) pp. 28-29
  8. National monument Office, Jakarta (1996) pp. 24-28
  9. National monument Office, Jakarta (1996) p28
  10. Teuku Markam
  11. "Monumen Nasional (Monas)" (dalam bahasa id). http://djakarta.biz.id/monumen-nasional-monas/. 

Pranala njaba

sunting

Cithakan:Museum di JakartaCithakan:Topik Jakarta