Wasing kue pagelaran nganggo bonéka sing umumé keton apik nang wewasingané lan dilakoni nang dalang kanthi iringan gamelan. Bonéka kue isa sing wujud 2 dhimensi utawa wujud 3 dhimensi. Umumé, sing wujud 2 dhimensi, digawé kat kulit (walulang), sing biyasané kulit sapi, utawa wedhus. Lan sing wujud 3 dhimensi, lumraeh digawé kat kayu sing direnggani penganggo kat kain sing manéka warna adhedhasar karakter wasing kuwe. Ning tapi nang sawatara tlatah, juga ana sing gawé wasing kat suket, karo kerdhus, ning wasing jenis sing kaya kie ora patia akèh ditemoni. Manut nang kemajuane jaman, wis tinatah lan sinungging wasing kanthi nggunakna media digital kanthi piranti empuk pangolah citra. Wasing sing tinatah lan sinungging kanthi media digital kasebat e-wayang.

Wayang Baworan
Wayang Baworan
dhalang lan wayangé ing Australia
Barkas:Ismayaewayang.jpg
e-wayang kang tinatah lan sinungging mawa media digital

Crita sing dilakokna dijupuk kat épos Mahabharata lan Ramayana sing uga sinebut Wayang Purwa. Uga ana sing nggelar lakon crita-crita 1001 wengi kat tanah Arab. Wasing sing kaya kie diarani Wasing Menak. Pagelaran kie misuwur nang tanah Jawa.

nang pagelaran kuwe wasing ditanjepké nang debog nng sisih tengen lan kiwené dhalang. Nng tengah, critané digelar. Sedina sewengi lakon diwedhar.

Wasing kie ora mung sumebar nang Jawa tok, nanging uga nang tlatah liya nang Nuswantara. Pagelaran wasing wis diakoni nang UNESCO pas tanggal 7 November 2003, dadi karya kabudayan sing édi péni nang babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO njaluk supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwe.[1]checks estas kacc

Sajarah

sunting

Para ahli durung ana kang bisa mesthèkaké kapan wasing wiwit ana ing Indonésia. Nanging yèn ndeleng prasasti lan tinggalan jaman kepungkur, wasing kira-kira wis ana sadurungé agama Hindu mlebu. Nalika kuwi lakon wasing durung nganggo crita-crita kang dijupuk seka India. Pagelaran iki dienggo srana nyembah marang roh leluhur.

Sawetara anggitan sastra jaman Mataram anyar akèh kang nulis perkara sajarah wasing. Nanging, para ahli sajarah ora sarujuk marang apa kang tinulis ing kono amarga ora cocok marang cathetan lan tinggalan sajarah kang wis ana.

Prasasti paling kuno ana ing abad kaping IV Masehi. Prasasti ngemot ukara mawayang kanggo pagelaran pahargyan sima utawa bumi perdhikan. Katrangan kang luwih trewaca ing prasasti Balitung, udakara 907 Masehi. Ing kono tinulis si galigi mawayang bwat Hyang macarita bimma ya kumara. Artiné kira-kira: Si Galigi ndhalang kanggo Hsing kanthi lakon Bimma Sang Kumara."

Agama Hindu kang mlebu ing Nusantara gawé crita wasing béda karo asliné. Crita Ramayana lan Mahabharata wiwit dienggo kanggo dakwah agama. Ing panguwasaning Dharmawangsa Teguh (991-1016), akèh crita seka India kang mlebu lan digawé gagrag jawané. Wasing wiwit nyebar ing ngendi-ngendi nalika Majapahit nguwasani Nusantara.

Crita-crita kang asliné seka India iku pungkasané wis geseh karo mauné. Para pujangga Jawa gawé crita dhéwé kanggo mepaki apa kang wis ana. Ing Pedhalangan, crita-crita iki sinebut lakon carangan.

Jaman Islam mlebu, Walisanga uga nganggo wasing ing panyebarané. Ing jaman iki wiwit ana Wayang Menak. Gagrag-gagrag tambah akèh ngepasi Mataram anyar. Walanda kang digdaya gawé kraton Surakarta ngracik akèh crita wasing kanggo nglelipur ati.

Indonésia merdika uga nyumbang gagrag wasing kang manéka warna. Manéka warna wasing mau ana kang tetep digelar ana kang mung urip ing jamané dhéwé. Wasing kang paling akèh dienggo yaiku wasing kulit purwa.

 
Wayang Bali

Sebutan Wayang

sunting

Yèn dijupuk seka ukarané, wasing kuwi seka wewasingan, amarga pagelarané ana ing wayah wengi lan nganggo lampu. Nanging katrangan iki wis ora bisa diugemi manèh. Wasing dadi ora mligi bonéka kang ana wewasingané. Wasing golèk kang digawé seka kayu ora ngandhelaké wewasingan. Ukara wayang wis dadi pagelaran bonéka kang digelar déning dhalang.

Umumé, sebutan wayang tinuju marang wayang kulit purwa. Wasing iki digawé seka tatahan kulit kèwan kanti lakon seka Mahabharata lan Ramayana.

Manéka Warna Wayang

sunting

Wayang ing tanah Jawa

sunting

Wayang ing tlatah liya

sunting

Lakon Wayang

sunting

Gagrag ing Tanah Jawa

sunting

Pagelaran wasing kang sumrambah ing tanah Jawa agawé variasi kang manéka warna. variasi utawa jikis iku kang asring sinebut gagrag. Gagrag wasing ing tanah Jawa antarané:

Delengen uga

sunting

Referensi

sunting
  1. Indonesian Wayang Inscribed in 2003 on the Representative List of the Intangible Cultural Heritage of Humanity
  • Pratiwimba Adhiluhung, S Haryanto, 1988
  • Kalangwan, P.J. Zoetmulder, 1983
  • Wasing, asal-usul filsafat lan masa depannya, Ir Sri Mulyono, 1975
  • Mudjanattistomo (1976) Pedhalangan Ngayogyakarta. Yogyakarta
  • Brandon, James (1970) On Thrones of Gold - Three Javanese Shadow Plays. Harvard University Press
  • Clara van Groenendael, Victoria (1985) The Dalang Behind the Wayang. Dordrecht, Foris
  • Keeler, Ward (1987) Javanese Shadow Plays, Javanese Selves. Princeton University Press
  • Keeler, Ward (1992) Javanese Shadow Puppets. OUP
  • Long, Roger (1982) Javanese shadow theatre: Movement and characterization in Ngayogyakarta wayang kulit. Umi Research Press
  • Mellema, R.L. (1988) Wayang Puppets: Carving, Colouring, Symbolism. Amsterdam, Royal Tropical Institute, Bulletin 315.
  • Soedarsono (1984) Wayang Wong. Yogyakarta, Gadjah Mada University Press

Pranala Njaba

sunting