Legenda Raden Kamandaka dikenal ora mung nang daerah Banyumasan, legenda kiye uga dikenal nang tanah Sunda. Legenda kiye uga biasane diarani legenda Lutung Kasarung.

Raden Kamandaka jane dudu jeneng asli, jeneng asline jane Banyak Cotro, dheweke kuwe salah siji putra Prabu Dewa Niskala, Raja Kerajaan Pajajaran (Kawali).

Kerajaan Pajajaran (Kawali) sunting

Gemiyen nang tanah Jawa bagian kulon ana Kerajaan sing amba tur kuat, kerajaan kiye termasuk kerajaan Hindu lan duwe pengaruh nganti daerah Jawa Tengah. Jeneng kerajaan kiye yakuwe Kerajaan Pajajaran. Raja Pajajaran kuwe nduwe putra loro sekang permaisuri pertama, sing mbarep jenenge Banyak Cotro, adine jenenge Banyak Ngampar, ningen putra mahkota kiye wis ditinggal ibune dong esih cilik-cilik.

Bar ditinggal permaisurine, Raja Pajajaran kawin maning karo Dewi Kumudaningsih lantes nduwe putra jenenge Banyak Blabur karo putri sing jenenge Dyah Ayu Ratu Pamekas. Dong dipersunting dadi permaisuri, Dewi Kumudaningsih ngaweh persyaratan sing monine: ”Angger mengko nduwe putra lanang, sing ngganti dadi Raja Pajajaran yakuwe putra lanange kuwe”.

Sebagai Raja sing bijaksana, Prabu Dewa Niskala kepengin nek sing ngganteni dheweke dadi Raja mengko kudu diangkat sedurunge dheweke meninggal ben tahta kerajaan kuwe ora dadi rebutan putra-putri keturunane. Prabu Dewa Niskala pancen duwe akeh keturunan, salah sijine jenenge Dyah Ayu Ratu Pamekas utawa Ratna Ayu Kirana (putri bontot) sing dijodohna karo Raden Baribin. Raden Baribin kuwe kerabat istana Majapahit, dheweke ramane Raden Banyak Sasro, Raden Banyak Sasro kuwe ramane Raden Joko Kahiman.

Kerasa umure wis lanjut, Raja Pajajaran duwe rencana ngangkat putra mahkota nggo calon Raja anyar mengko. Raja lantes ngundang putra putra pertamane, Banyak Cotro sekang permaisuri pertama, karo Banyak Blabur sekang permaisuri kelorone kanggo ngadep sang Prabu, maksude kuwe Raja arep ngangkat salah siji putra mbarepe kuwe nggo dadi Raja Pajajaran.

Ndilalah keloro putra-putrane kuwe langka sing gelem diangkat dadi raja, masing-masing ngerasa urung siap lan masing-masing ngaweh werna-werna alesan. Banyak Cotro mengajokna alesan-alesan antarane: Urung siap merentah Kerajaan merga dheweke ngerasa elmune urung cukup, alesan liyane jere dadi raja kuwe kudu nduwe permaisuri ndisit nggo dadi pendamping, mulane dheweke arep nggolet calon permaisuri ndisit sing cocog. Cocog kuwe maksude sing raine juga ayune kudu mirip karo raine ibune. Mengko angger wis kawin karo putri sing mirip ibune tembe dheweke gelem diangkat dadi Raja Pajajaran. Bar kuwe Banyak Cotro njaluk ijin lunga ming ramane nggo nggolet putri idamane.

Banyak Cotro Dadi Raden Kamandaka sunting

Banyak Cotro mangkat sekang Keraton Kerajaan ming arah wetan, ngeliwati Gunung Tangkuban Perahu, nang gunung kuwe dheweke ngadep pendeta Hindu sing agi mertapa nang kana. Pendeta kuwe jenenge Ki Ajar Winarong, kiye Pendeta sing sekti mandraguna, nduwe ilmu Kanuragan sing duwur lan paham nek mengko suatu saat Banyak Cotro mesthi berhasil mempersunting putri sing di idam-idamana, ningen asal bisa menuhi syarat-syarat sing antarane: Banyak Cotro kudu bisa ngelepas lan ninggalna kabeh pakaian kebesaran sekang Kerajaan, lan urip sebagai rakyat biasa. Syarat liyane: Banyak Cotro kudu ganti jeneng lan menyamar nganggo jeneng samaran Raden Kamandaka.

Raden Kamandaka terus mlaku ming arah wetan, akhire tekan ming wilayah Kadipaten Pasir Luhur.

Mbuh kepriwe critane akhire Raden Kamandaka bisa ketemu karo Patih Kadipaten Pasir Luhur sing jenenge Patih Reksonoto. Patih kiye mandan seneng karo perilaku Raden Kamandaka, kebeneran maning, dheweke ora nduwe putra. Akhire Raden Kamandaka diangkat dadi anak. Patih Reksonoto seneng pisan tur bangga, siki dheweke wis nduwe anak angkat sing gagah perkasa, ganteng lan nduwe perilaku apik. Raden Kamandaka disayang banget karo ayah angkate.

Sementara kuwe nang Istana Kadipaten Pasir Luhur, sing merentah sebagai Adipati yakuwe Adipati Kandandoho, dheweke nduwe putri-putri sing ayu-ayu lan wis kawin kecuali sing bontot, sing jenenge Dewi Ciptoroso. Ndilalah putri bontot Adipati kiye nduwe rupa sing mirip banget karo ibune Raden Kamandaka. Sebagai putra Patih Reksonoto, Raden Kamandaka jelas wis melebu nang lingkaran Istana Kadipaten Pasir Luhur uga wis bola-bali ndeleng Dewi Ciptoroso. Raden Kamandaka yakin pisan nek Dewi Ciptoroso kuwe putri sing diidam-idamna.

Raden Kamandaka Ketemu Dewi Ciptoroso sunting

Wis dadi tradisi nang Kadipaten Pasir Luhur, saben tauh nganakna upacara mancing iwak nang kali Logawa. Nang upacara kiye kabeh keluarga istana Kadipaten, pembesar, pejabat pemerentahan melu mancing nang kali Logawa. Sebagai Patih Kadipaten, Patih Reksonoto juga melu upacara kuwe. Raden Kamandaka ora nyia-nyiaken kesempatan, dheweke juga melu. Kiye kesempatan ketemu karo Dewi Ciptoroso. Nang pertemuan kiyelah rasa tresna Dewi Ciptoroso lan Raden Kamandaka tumbuh.

Dina ganti dina purnama ganti purnama, Dewi Ciptoroso wis bener-bener jatuh hati karo Raden Kamandaka. Dheweke mohon banget karo jantung hatine angger saben mbengi marani dheweke nang taman Keputren Istana Kadipaten. Jane kiye masalah tabu lan saru, ningen Dewi Ciptoroso wis dimabuk kepayang. Ndilalah pas mbengi sing apes banget, ora sengaja pertemuan rahasia kiye konangan karo prajurit pengawal Keputren. Raden Kamandaka diarani maling sing arep nyolong nang Keputren, prajurit langsung lapor ming atasane, akhire laporan kiye tekan juga ming Adipati Kandandoho, Istana Kadipaten dadi geger. Adipati murka lan merentahaken kabeh prajurit nangkap maling kuwe. Penangkepan maling kiye gagal merga Ilmu Kanuragan Raden Kamandaka lewih duwur dibanding pengawal-pengawal Istana Kadipaten, Raden Kamandaka lolos.

Sedurunge tarung lawan pengawal-pengawal Istana, Raden Kamandaka wis berusaha ngandani nek dheweke dudu maling, dheweke kiye putra Patih Reksonoto. Kejujuran Raden Kamandaka kiye malah dadi kesalahane sebab ora patut dheweke ana nang Keputren Istana. Pimpinan prajurit langsung lapor ming Adipati nek maling kuwe jebule putrane Patih Kadipaten Pasir Luhur. Patih Reksonoto akhire depanggil Adipati lan diperentah nyerahaken putrane nggo nerima hukuman. Patih Reksonoto manut ningen atine abot banget, akhire Patih ngatur siasat ben putrane bisa lolos sekang hukuman. Nganggo kesekten elmu kanuragane, Raden Kamandaka bisa luput sekang pengepungan prajurit.

Raden Kamandaka lumpat nyebur ming kali terus nyilem melu arus banyu kali. Prajurit Kadipaten nyebar nyusuri kali, ngenteni Raden Kamandaka nylongob ning wis suwe pisan, Raden Kamandaka ora muncul juga. Patih Reksonoto juga api-apine melu nggolet. Akhire kumandan prajurit-prajurit bali ming Istana Kadipaten terus lapor maring Adipati nek Raden Kamandaka wis tewas nang kali. Adipati ngerasa lega ning putrine Dewi Ciptoroso sewalike, dheweke sedih ngrasa nelangsa pisan, jantung hatine wis ora nana.

Raden Kamandaka Mengembara sunting

Raden Kamandaka metu sekang kali. Dheweke terus mlaku ngetutna ilening kali nganti akhire ketemu karo wong lagi mancing, sing jenenge Rekajaya. Ringkesing crita, Rekajaya akhire dadi kancane Raden Kamandaka. Dheweke uga netep lan manggon nang desa Panagih, desane Rekajaya. Nang desa Panagih, Raden Kamandaka dadi anak angkate randha mlarat sing jenenge mbok Kektosuro. Nang desa kuwe, Raden Kamandaka dadi tukang adu ayam jago, kebeneran pisan mbok Kektosuro duwe ayam jago sing jenenge Mercu. Saben adu ayam, Raden Kamandaka mesthi menang, akhire dheweke dikenal sebagai botoh ayam.

Crita botoh ayam sekang desa Penagih kiye akhire keprungu tekan Istana Kadipaten Pasir Luhur, krungu nek botoh kuwe jenenge Kamandaka, Adipati murka, dheweke langsung aweh perentah ming prajurit kon nangkep Raden Kamandaka urip utawa mati.

Dong Istana lagi ribut-ribut perkara nangkep Raden Kamandaka sing lumayan sekti kuwe, ndilalah ijig-ijig teka nom-nom an ngganteng sing ketone duwe ilmu kanuragan sing lumayan dhuwur, dheweke ngaku nek jenenge Silihwarni lan kepengin ngabdi nang Kadipaten Pasir Luhur. Bar diuji, Adipati nerima permohonan Silihwarni ning syarate, Silihwarni kudu nyekel terus mateni Raden Kamandaka, lan nggawa getih karo ati-ne Raden Kamandaka ming Istana, Silihwarni nyanggupi. Silihwarni jane dudu jeneng asline, jenenge asline dheweke Banyak Ngampar sekang Istana [Kerajaan Pajajaran], Banyak Ngampar kuwe sedulur lanang (kakang cer)sing jenenge Banyak Cotro utawa Raden Kamandaka.

Silihwarni jane lagi ngemban prentah sekang Ramane Prabu Dewa Niskala, prentahe yakuwe nggoleti kakange sing wis suwe ora nana kabare. Silihwarni disangoni senjata pusaka Keris Kujang Pamungkas. Dheweke nyaru dadi rakyat biasa. Nang perjalanan dheweke krungu nek Banyak Cotro kakange kuwe lunga ming arah Kadipaten Pasir Luhur.

Bar nrima prentah Adipati Kandandoho, Silihwarni mangkat nggawa prajurit karo anjing pelacak, araeh ialah ming desa Karanglewas. Desa kiye pancen dadi pusat adu ayam.

Raden Kamandaka Lawan Silihwarni sunting

Nang desa Karanglewas, Silihwarni karo Raden Kamandaka ketemu ning masing-masing wis ora kenal, masing-masing wis kelalen karo rupa sedulure. Silihwarni nganggo kelambi biasa sementara Raden Kamandaka nganggo kelambi botoh ayam.

Adu ayam jago antara ayam Silihwarni karo Mercu (ayam nduweke Raden Kamandaka) seru pisan, ningen merga ketone akeh wong sing tampang lan rupane mandan asing lan ora biasa, penonton sing maune akeh siji-siji lunga, ndeyan wedhi mbokan mengko ana kedaden sing ora bener. Raden Kamandaka dhewek ora sadar nek dheweke siki wis dikepung prajurit Kadipaten. Tiba-tiba isyarat perentah nyerang sekang Silihwarni keton, prajurit-prajurit langsung nyerang Raden Kamandaka dipimpin Silihwarni. Adu Ilmu Kanuragan antara Silihwarni lawan Raden Kamandaka jane bisa seru ning merga Raden Kamandaka kaget, Silihwarni brasil nancepaken Keris Kujang Pamungkas ming pinggang Raden Kamandaka. Raden Kamandaka tetep ngelawan, arena tarung ngantek pindah nang desa liya. Nang desa kuwe, Raden Kamandaka ngerasa getieh wis metu akeh, kuwe marakna awake mandan lemes, akhire mbuh nganggo ilmu apa, Raden Kamandaka brasil ngilang lolos sekang keroyokan pasukan Kadipaten. Desa kuwe dijenengi desa Brobosan.

Silihwarni karo prajurite terus brusaha nggolet jejak Raden Kamandaka, sementara Raden Kamandaka dhewek ngrasa awake wis kesel pisan, dheweke leren sedela, enggon dong Raden Kamandaka leren kuwe dijenengi desa Bancran.

Dituntun anjing pelacake, Silihwarni karo prajurite terus ngejar, malah Raden Kamandaka brasil nangkep salah siji anjing pelacak Kadipaten, enggon kuwe siki jenenge desa Karanganjing.

Raden Kamandaka nang Goa Jatijajar sunting

Raden Kamandaka terus mlayu ming arah wetan ngantek akhire tekan ming ujung dalan sing buntu, enggon kuwe dijenengi desa Buntu. Raden Kamandaka terus mlebu alas ngatek akhire nemoni Goa, dheweke terus mlebu nang goa kuwe. Bar nempuh perjalanan lumangyan adoh, Raden Kamandaka leren nang jero goa.

Sementara kuwe Silihwarni karo prajurite terus ngejar debantu anjing pelacake, ngantek akhire anjing kuwe mandeg nang ngarep goa. Silihwarni yakin banget nek buruane mesthi ana nang jero goa, sambi ngorong-ngorong Silihwarni nantang Raden Kamandaka. ”Hei Kamandaka, angger kowe ngerasa jago metu ngeneh !, arep tarung pirang jurus bae tek ladeni, apa perlu nyong sing mlebu heh !” jere Silihwarni.

Sekang mulut goa metu suara mandan medeni, ”Sih !!! nyong kiye putra mahkota sejati Pajajaran, ora bakalan wedhi ora !”. Dong nyebut ”sejati Pajajaran” Raden Kamandaka ngetokna sisa-sisa tenaga dalame, kuwe marakna suarane menggema nang endi-endi, prajurit-prajurit Kadipaten sing ngawasi sekang adoh juga krungu ning suarane wis ora utuh apamaning kabeh prajurit kuwe padha nutup kuping merga ora kuat nahan serangan Tenaga Dalam sing metu sekang suara kuwe, suara Raden Kamandaka kuwe bener-bener marakna budeg. Sing krungu nang prajurit-prajurit kuwe mung suara gema thok, ”jati jajar...jati jajar...jati jajar...” kaya kuwe, mulane Goa kuwe dijenengi Goa Jatijajar.

Krungu Raden Kamandaka nyebut-nyebut jeneng Kerajaan Pajajaran, Silihwarni kaget, dheweke langsung takon ”Apa ko sekang Pajajaran juga ?”, Raden Kamandaka njawab ”Iya, lha rika sapa ?”. Silihwarni ora langsung njawab, dheweke mbathin ”kiye meshti kakangku”. Lantes Silihwarni lumpat mlebu goa. Nang jero goa Silihwarni mbukak rahasia, ”Inyong Banyak Ngampar, apa rika Banyak Cotro ?”. Akhire putra-putra Prabu Dewa Niskala kuwe ketemu, suasanane haru banget.

Nang jaba prajurit-prajurit Kadipaten sing wis padha mandan budeg ora krungu apa-apa, kabeh mung ngenteni nganti akhire Silihwarni lumpat metu sekang goa langsung nyamber salah siji sisa anjing pelacake, terus lumpat maning mlebu goa. Mandan suwe Silihwarni nang jero goa, akhire dheweke metu nggawa bungkusan sing isine getih karo hati, sementara anjing pelacake ora digawa metu. Getih karo hati kuwe ialah bukti sing dijaluk Adipati Pasir Luhur dong aweh prentah ming Silihwarni kon nggolet Raden Kamandaka.

Silihwarni langsung aweh prentah ming pasukane kon bali ming Kadipaten, sementara prajurit-prajurite padha mbatin ”Silihwarni kuwe sekti pisan, Kamandaka sing sektine kaya kuwe be bisa dikalahna, malah hatine dijukut getieh diperes, asu !”.

dilanjut nang crita legenda Lutung Kasarung