Rambutan , Nephelium lappaceum kuwe wit sing mlebu nang famili Sapindaceae.[1] Wohé wit kuwe uga jenengé rambutan. Rambutan akèh ditemokna nang tlatah tropis, kayata Asia Tenggara, Asia Selatan, Afrika lan Amérika Selatan.[1]

?Rambutan
Woh rambutan
Woh rambutan
Status konservasi
Klasifikasi ilmiah
Kerajaan: Plantae
Divisi: Magnoliophyta
Kelas: Magnoliopsida
Ordo: Sapindales
Famili: Sapindaceae
Genus: Nephelium
Spesies: N. lappaceum
Jeneng binomial
Nephelium lappaceum
L.

Nang Indonésia, rambutan sing misuwur asalé sekang Sumatra Lor, utamané sekang Binjai cedhak Medan.[1] Rambutan(Nephelium sp)kalebu tanduran woh hortikultural.[1] Rambutan nduwéni jeneng liya nang Bahasa Inggris yakuwe Hairy Fruit.[1] Rambutan kalebu woh-wohan asli Indonésia.[1] Nganti sekiye rambutan nyebar nang luar dhaerah sing iklimé tropis, kayata Filipina lan negara-negara nang Amérika Latin.[1] Rambutan ditemokna uga nang dhaérah sing nduwéni iklim sub-tropis.[1]

Wit rambutan dhuwuré teyeng nganti 20 meter lan nduwéni kenopi sing nggrembuyeng.[2] Wit rambutan kalebu wit sing gédhé lan cendhék .[2] Kulit wit lan pangé wernané soklat tuwa lan ana putih-putih cilik nang kulite.[2] Godhong rambutan ambuné rada wangi, godhongé rada lunyu lan nduwéni wulu sithik.[2]Kembang rambutan ana sing diarani kembang lanang lan kembang wédok.[2] Rambutan merlokna kéwan kaya srangga kanggo penyerbukan.[2] Woh rambutan bentuké bujur utawa lonjong meh bunder lan ukurané kurang luwih 5 cm.[2] Rambutan mateng kurang luwih 100 nganti 130 dina sawisé ngembang.[2]

Nandur

sunting

Wit rambutan teyeng ditandur nganggo sistem tiga segi sama, empat segi sama utawa sistem sesiku keluang.[2] Jarang nandur wit rambutan yakuwe 9 m x 9 m x 9 m.[2] Kanggo nggemburna lemah teyeng dilaksanakna nang awal mangsa udan.[2] Kanggo wit sing wis tuwa yakuwe 3-4 minggu sawisé ngembang. [2]Ing sakupéngé wit rambutan teyeng digemburna lemahé tujuwané kanggo nyuburna lan hawa sing ngandhut nutrisi teyeng mlebu. [2]Pengapuran teyeng dilaksenakna yèn pH tanah kurang sekang 4,5.[2] Rambutan teyeng diwénéhi pupuk ben subur. Saliyané pupuk kandhang, pupuk gawéan sing teyeng dianggo yakuwe campuran Uréa, TSP utawa SP-36, lan KCL, kanthi perbandingan 2:2:1, utawa ditaker 50-250 gram/tanduran.[3] Rambutan dipupuk ping telu saben setaun kanthi jarak wektu patang sasi sepisan.[3] Yèn tanduran wis umur 10 taun kudu dipupuk NPK sing cacahé 500 - 1.000 gr saben wit.[3] Saliyané nganggo cara ''okulasi'', rambutan uga teyeng ditengkarna nganggo wijiné, ananging wohé luwih suwé tinimbang yèn ditengkarna nganggo cara okulasi.[4]

Saka panalitén lan survey ditemokna ana 22 jinis rambutan. [1]Asalé ana sing sekang galur murni lan ana uga sing asil okulasi utawa nggabungna sekang rong jenis galur sing sejen.[1] Ciri-ciri sing mbedakna saben jinis rambutan teyeng dideleng sekang sifaté woh rambutan.[1] Sifat woh rambutan teyeng dideleng sekang daging woh rambutan, nah sithiké banyu nang woh rambutan, bentuk, werna kulit, lan dawané rambut rambutan.[1] Ana ''varietas'' rambutan sing paling disénéngi lan nilai ''ekonomis'' sing rélatif dhuwur.[1]

Rambutan Rapiah

sunting

Rambutan rapiah wohé ora patia nah ningen buah kiye mutuné apik, kulit wohé rupané ijo-kuning-abang ora rata.[1] Rambutan rapiah rambuté arang-arang.[1] Daging woh rambutan rasané legi, kenyal, lan ngelotok.[1] Daging wohé uga kandel lan teyeng tahan nganti 6 dina sawisé dipetik.[1]

Rambutan Aceh Lebak bulus

sunting

Rambutan kiye wité dhuwur lan wohé akeh. Asilé kurang luwih 160-170 gendhel saben wit. [1]Kulit wohé wernané abang, kuning lan alus. Rambutan kiye rasané séger legi lan kécut.[1] Rambutan acéh lebak bulus ngandhut nah banyu lan ngelotok. [1]Wohé teyeng awet nganti 4 dina sawisé kapethik, saliyané iku woh rambutan kiye uga tahan nang pengangkutan.[1]

Rambutan Cimacan

sunting

Rambutan kiye wohé nah. [1]Saben wit kurang luwih 90 nganti 170 iket.[1] Kulité wernané abang rada kuning, ana uga sing abang tuwa. [1]Rambuté kasar lan rada jarang, rasané legi lan banyuné sithik. [1]rambutan Cimacan kurang tahan nang pangangkutan.[1] ==dichero tu retore ñao

Rambutan Sinyonya

sunting

Jinis rambutan kiye nduwéni woh sing nah lan disenengi utamané wong Tionghoa.[1] Wit lan pang-pangé sing kuwat pas yèn diokulasi. [1]Rambutan kiye werna kulité abang tuwa nganti abang anggur lan nduwéni rambut alus lan kerep utawa rapet. [1]Wohe rasané legi rada kecut, nah banyuné lan ''empuk''.[1] Rambutan sinyonya kalebu rambutan sing ora nglothok.[1]

Kebak nang Guna

sunting

Rambutan dibudidayakna lan dimanfaatké wohé.[4] Woh rambutan ngandhut gizi, zat tepung, zat énzim-énzim sing ''esensial'' lan ''nonesensial'', vitamin, zat mineral makro, mikro sing nyèhatna.[4] Ana uga sing ndadekake wit rambutan dadi wit kanggo ayom-ayom nang pekarangan omah lan dadi tanduran hias.[4] Rambutan ngandhut vitamin C saengga rambutan uga kena kanggo tamba sariawan.[4] Saliyane iku rambutan uga kena kanggo tamba lara demam lan kencing manis.[4]

Sentra Tanduran

sunting

Nang Indonésia sing dadi sentra tanduran rambutan yakuwe nang Pulo Jawa khususé nang Bekasi, Kuningan, Malang, Probolinggo, Lumajang lan nang Garut.[5]

Chatetan suku

sunting
  1. 1,00 1,01 1,02 1,03 1,04 1,05 1,06 1,07 1,08 1,09 1,10 1,11 1,12 1,13 1,14 1,15 1,16 1,17 1,18 1,19 1,20 1,21 1,22 1,23 1,24 1,25 1,26 1,27 1,28 1,29 1,30 (Indonesia)warintek.ristek.go.id(dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
  2. 2,00 2,01 2,02 2,03 2,04 2,05 2,06 2,07 2,08 2,09 2,10 2,11 2,12 2,13 (Indonesia)deptan.go.id(dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
  3. 3,0 3,1 3,2 (Indonesia)proseanet.org(dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)
  4. 4,0 4,1 4,2 4,3 4,4 4,5 (Indonesia)deptan.go.id(dipunundhuh tanggal 1 mei 2011)
  5. (Indonesia)trubus-online.co.id(dipunundhuh tanggal 1 Mei 2011)

Pranala njaba

sunting

Galeri Rambutan

sunting
Delengen Uga Who-wohan